Tampilkan postingan dengan label dagelan Jowo. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label dagelan Jowo. Tampilkan semua postingan

Jumat, 28 Oktober 2016

Cerita Lelucon Dagelan Suroboyoan



Cerita Lelucon Dagelan Suroboyoan – Cerita lucu gaya arek Surabaya dengan dialek khas Suroboyoan. Dimana dalam pergaulan maupun kehidupan sehari-hari orang Surabaya biasa menggunakan bahasa Jawa dengan kata-kata yang (maaf) kasar. Jadi jangan kaget kalo guyonan sering terlontar daftar kata pisuhan (misuh, makian) semisal: jancok, taek, asu, bedes, nggatheli, kakikmu, cogrokmu, kakekane, nggapleki dll. Ojo nesu ya, kan just for ngajak ndagel thok. Cuma lelucon dagelan iseng buat bahan tombo ngantuk biar gak kumat gendhenge

lelucon boso jowo suroboyoan nggatheli

Arek-arek bonek Suroboyo...!! yok opo iki? Crito dagelane diterusno pora? Rasido? Yo wes... tak tinggal mlungker nek ngono

Lhoh... lhoh... lha kok arek-arek iki malah gemrudug ngeroyok aku ki yo’opo seh? Waduduh... guyon rek, guyon... rasah ngamukan ngono talah... Jancok tenan!! ndasku benjut kabeh ki lho...

Yo wes, timbang matek, tak lanjutke ae crito lelucon dagelan Suroboyoan iki. Mreneo kabeh nglumpuk sak kanca kancane cekno tambah rame
 
Crito Lucu Nasron (dudu Nusron) Daftar Dadi Polisi

Nasron: Pak, arep ndaptar nyalon dadi pulisi
Polisi: Umurmu piro?
Nasron: 40 tahun
Polisi: Ketuweken, gak memenuhi sarat
Nasron: Ojo gelem dibodoni karo sarat. Seng ngerti maksute sarat iku yo sing nggawe sarat. Opo sampeyan sing nggawe?
Polisi: Ngono? Yo wis sak karepmu... Lulusan opo?
Nasron: SD
Polisi: SD? Ora masuk kriteria
Nasron: Ojo gelem dibodoni karo kriteria. Sing ngerti maksude...
Polisi: Cukup! Ojo diterusno... Sing ngerti artine kriteria iku yo sing nduwe kriterio. Ngono to karepmu?
Nasron: Cerdas sampeyan
Polisi: Duwurmu piro?
Nasron: 140 senti
Polisi: Kependeken. Ora mlebu standart
Nasron: Ojo gelem dibodoni karo standart
Polisi: Cukup! Iso renang opo ora?
Nasron: Ora
Polisi: Nduwe catetan kriminal opo ora?
Nasron: Ono thithik... Tau kecekel pas main domino, pak
Polisi: Yo wes, koen di trimo. Mulai mene koen ditugasno nok unit anjing pelacak
Nasron: Tugasku lapo pak?
Polisi: Njenggong karo ngambus-ambus TKP
Nasron: Asuuuuu....!!

 
Ceritane cukup yo rek... aku ngantuk. Babah koen pisuhi, jare niat nggawe crito dagelan suroboyoan tapi kok mung sithik? Lha yo opo maneh, belungku rasane remek kabeh. Suwengi nglideng ngubengi Suroboyo teko Wonokromo sampek Mbungur nggoleki Cak Supali. Karepku arep kursus dadi dagelan sing mbanyol, eh... malah ketemu arek nggatheli. Yo wes, nek pingin moco guyonan boso Jowo koplak liyane, klik iki ae: dagelan jowo .Nok kono ono banyolan sak bajeg akehe!

Jumat, 07 Oktober 2016

Kata-Kata Lucu Bahasa Jawa 2016




Kata-Kata Lucu BahasaJawa – Berisi kumpulan teks kutipan kalimat lucu singkat dalam bahasa Jawa terbaru di akhir tahun 2016. Dilengkapi juga dengan terjemahan bahasa Indonesia, agar yang luar Jawa juga mengerti artinya. Tema yang diangkat campuran, mulai dari kata nasehat konyol sampai kata pisuhan koplak. Semuanya murni hanya untuk main-main aja, tak ada udang di balik peyek, apalagi udang telat dibalik... gosong.
kata lucu aku tanpamu

Tak pake nunggu lama, plis welkam... ni dia kata-kata lucu kocak bahasa jawa ala republik gondes buat kakang mbakyu semua. Ai hop aku harap olwais selalu hepi bahagia forever selamanya en dan... halah, ngomong opo iku?!    

Aku tanpamu bagai makai sempak teles...
Rasane rada gatel tapi yo rapopo keles...

Aku tanpamu bagai makai celana dalam basah...
Rasanya agak gatal tapi ya gak apa-apa keles...
= = = = = =

Ngopi disek ben ora gendeng
Prasamu wong gendeng iku opo ora doyan kopi?

Ngopi dulu biar nggak gila
Kau kira orang gila itu apa tak doyan kopi?
= = = = = = =
 
Ojo percoyo karo omongane JarKoni
Kakean ngujar ora iso nglakoni

Jangan percaya sama omongannya jarkoni
Kebanyakan bicara tak bisa menjalankan
= = = = = = =

Saiki aku wis tobat, ojo diajak karaokean
Nek bojoku wis mbalik Taiwan, ajaken maneh

Sekarang aku sudah tobat, jangan diajak karaokean
Kalo istriku sudah kembali ke Taiwan (jadi TKW), ajaklah lagi
= = = = = =

Sak penak penake nginep nok polsek...
Luwih penak nginep nok omahe rondo

Seenak-enaknya nginap di polsek...
Lebih enak nginap di rumah janda
= = = = = =

Golek duit iku gampang
Olehe sing angel

Cari uang itu mudah
Dapetnya yang susah
= = = = = =

Tangi turu nyandak hape
Arep turu nutuli hape
Ojo lali, nek arep mati selfieo disik

Bangun tidur megang hape
Mau tidur mencetin hape
Jangan lupa, kalau mau mati selfielah dulu
= == = = =

Like + komen gambar ini, insyaallah masuk sorga
Sek... sek... tak ngentut disek karo ngguyu hahaha

Like + komen gambar ini, insyaallah masuk sorga
Bentar... bentar... aku kentut dulu sambil ketawa hahaha
= = = = = =

Sing kakean ngomong biasane ora iso nglakoni
Sing ora tau ngomong, wis mesti wong bisu

Yang banyak omong biasanya tak bisa menjalankan
Yang tak pernah ngomong, sudah pasti orang bisu
= = = = = =

Aku kere kok enyek, jare males
Aku sugih kok rasani, jare ngingu tuyul
Karepmu iku opo?

Aku miskin kau hina, katanya malas
Aku kaya kau gunjingin, katanya miara tuyul
Maumu itu apa?
= = = = = =

Ngakune anak gaul
Digauli tenan, lapor pulisi
Ngapusi.....!!

Ngakunya anak gaul
Digauli beneran, lapor polisi
Bohong.....!!
= = = = = =

boso jowo lucu jarkoni

Ojo seneng ngumbar wadine liyan
Ngko lambemu dilaundry malaikat

Jangan suka mengumbar rahasia orang lain
Ntar bibirmu di laundry malaikat
= = = = = =

Wes, rasah mecucu
Ngko tak tukokno iphone7 gambar dakocan

Sudah, gak usah cemberut
Ntar kubelikan iphone7 gambar dakocan
= = = = = =

Nek dipikir-pikir sakjane kowe iki ora elek
Masalahe, sing gelem mikir iku sopo?

Kalo dipikir-pikir sebenarnya kau ini gak jelek
Masalahnya, yang mau mikir itu siapa?
= = = = = =

Gaplek pringkilan... wis tuwek pethakilan
Pethakilan nek duwite akeh yo pantes
Ra duwe duit pethakilan? Diguyu tengu!!

Gaplek pringkilan... sudah tua bertingkah
Bertingkah kalo banyak uang ya pantas
Tak punya uang bertingkah? Diketawain tengu!!
= = = 15 = = =

Panas, sambat... udan, sambat...
Dikeloni kok yo sek sambat
Karepmu ki piye?

Panas, ngeluh... hujan, ngeluh...
diML kok yo masih ngeluh
Maumu tuh apa?
= = = = = =

Ojo seneng misuh
Mergo misuh iku ora apik
Bener gak, cuk?

Jangan suka memaki
Karena makian itu tak baik
Betul tak, cuk?
= = = = = =
( Meme kata2 lucu ini bisa dilihat di: meme kekinian )

Demit ora ndulit, setan ora doyan
Mesti ae, podo setane

Demit tak mencolek, setan tak doyan
Tentu saja, sama setannya
= = = = = =

Apapun yang terjadi tetep tak sukuri
Kowe nyemplung got... sukurin lo!
Kowe ditinggal pacar... sukurin lo!
Kowe tuku sate... njaluk po’o Lek!

Apapun yang terjadi tetap aku syukuri
Kau nyebur got... sukurin lo!
Kau ditinggal pacar... sukurin lo!
Kau beli sate... minta napa bang!
= = = = = =

wayahe angon kebo malah pesbukan

Nyang pasar rebo kok malah ra katokan
Wayahe angon kebo kok malah pesbukan

Ke pasar rebo kok malahtak bercelana
Saatnya menggembala kerbau kok malah pesbukan
 = = = = = =

Bocah nom saiki karo biyen iku ora podo
Bocah nom jaman biyen, saiki wis podo tuwek

Anak muda jaman sekarang sama dulu itu beda
Anak muda jaman dulu, sekarang udah pada tua
= = = = = =
Post terkait: Stand Up Bahasa Jawa

Kata-kata lucu bahasa Jawa ini semoga menghadirkan suasana gembira di hati pemirsa. Yang non Jawapun moga aja bisa ikut tersenyum walau tak semua kata-katanya bisa diterjemahkan dalam bahasa Indonesia secara akurat. Yang tertarik mengutip sebagian atau keseluruhan buat update status atau dibikin meme lucu, silahkan saja. Tak perlu sungkan. Anggap saja rumah sendiri. Selamat berkoplak ria

Jumat, 30 September 2016

Jagongan Guyon Tombo Ngantuk



Jagongan Guyon Tombo-Ngantuk – Bacaan wajib bagi wong Jawa yang suka melekan (begadang). Pak satpam, hansip, polisi... ayo guyon biar tahan melek, gak ngantuk saat bertugas. Para maling, begal, kecu juga boleh ikut, biar gak jadi berbuat kejahatan. Kita lewati malam dengan jagongan ngobrol ngalor ngidul ngetan ngulon, bercanda bersama membahas apa aja, pokoke iso mesem ngguyu kanggo tombo ngantuk.


Kali ini jagongannya pake bahasa Jawa. Sudah jadi tradisi, tiap malam warga kampung bergiliran menjaga keamanan di wilayah masing-masing. Settingnya di sebuah pos siskamling di kampung Jawa. Teknik guyonan layaknya naskah skenario drama komedi yaitu percakapan 4 orang lebih. Jadi harap maklum kalo durasi dialognya agak panjang

Saat itu jam 1 dini hari. Tampak Pak RT, Hansip, Paijo dan Jarwo lagi jaga ronda. Kopi, gorengan serta rokok menemani jagongan mereka.

Paijo: (karo klangopan) Uangop... Ngantuk puol iki, mripatku sepet rasane
RT: Ngopi disik, Jo
Paijo: Sampun telas kopi rong gelas, pak. Tapi kok ngantuke sek mboten ilang nggeh?
Jarwo: Kopine guyangno raimu, ngko lak melek
Hansip: Bener iku. Raupo iki mumpung kopine sek panas
(kabeh podo ngguyu. Paijo tok sing mecucu)
Paijo: Weleh! Mlocot raiku
Pak RT: Makane, nek arep jaga ronda iku awane turu disik
Jarwo: Alasan mawon niku Pak RT... Asline Paijo iku kebelet pingin ngetap oli
Hansip: Bener iku. Paijo kan sek manten anyar. Sek kemaruk hahaha...

Paijo: (raine semu abang sajak kisinan) Kowe iki nek ngomong kok pas to, Wo...
Pak RT: Makane, awakmu ndang rabi, Wo. Ben ono sing ngenteni muleh melekan
Hansip: Najan durung rabi, Jarwo niku nggih wonten sing ngentosi kok, Pak...
Pak RT: Sopo?
Hansip: Coro (kecoak) kaliyan tengu teng jeding
Jarwo: Telek diremet-remet
Paijo: parikane metu. Artine opo iku?
Jarwo: Ngenyek ojo banget-banget

Pak RT: Ora ngenyek... Iku ngono ukoro penyebar semangat, ben awakmu ndang golek bojo
Jarwo: Sampun pados, Pak. Tapi sek dereng nemu sing cocok
Hansip: nggolekine salah tempat mungkin. Memang wis kok luru nong endi ae?
Jarwo: Nok rombengan. Kadang yo nok tempat sampah barang. Puas...?
Pak RT: Hahaha... ojo nesu
Paijo: Guyon, guyon... ngono wae baper
Hansip: Ngopi disik, ben ora salah paham
Jarwo: Iyo iyo... aku ngerti kok, iki mung guyonan nggo tombo ngantuk

Pak RT: Ngomong-ngomong, saiki lak jadwale Kang Sungib ngeronda. Lha endi wonge kok gak ono methungul blas
Paijo: Paling yo lagi ngumbah keris. Saiki kan malem jumat?
Jarwo: Pikiranmu iku nyelup keris tok wae, Jo Paijo... mentang-mentang pengantin baru
Paijo: Maksudku iku keris tenanan. Dudu keris sing kuwi. Pikiranmu iku sing ngeres

Pak RT: Bener. Wong Jowo iku sek nduwe kepercayaan, saben malem jumat legi wulan suro ngene iki pusakane kudu dikumbah karo kembang
Hansip: Ben kesaktiane mboten lungsur nggih, pak?
Pak RT: Cekno ora karaten
Paijo: Jarwo... Rungokno iku pituture pak RT. Tombakmu iku wis 35 tahun ora tau dicelup. Ati-ati teyengen lho
Jarwo: Haduh...!! Aku maneh sing keno
Hansip: Yo ngono kuwi nasipe wong jomblo, dibully terus hahaha...

(Pas jagongan gayeng, lha kok mambu aroma tak sedap. Kabeh podo nutupi irung)

Hansip: Asem! Sopo iki sing ngentut?
Pak RT: Wuek...!! ambune jian arum jamban
Jarwo: Mboten kulo lho, pak. Mentang-mentang jomblo ngko aku maneh sing diarani
Paijo: (karo mesem) Kulo pak sing ngentut. Duko niki, moro moro wetenge kulo mules sajak kebelet ngengek
Pak RT: Yo wis, ndang muleho, ngising disik kono
Paijo: Nggih, pak... (terus ngaleh)

Hansip: Nek wis mari kebelete ndang mbalek mrene maneh yo
Paijo: (soko kadoan) Yo, nek gak kebelet karo sing liyane
Jarwo: Semprul!
Hansip: Kepingin yo? Makane dikandani bola bali ora percoyo. Wong nduwe bojo iku lho kepenak
Pak RT: Bener, Wo. Umurmu saiki yo wis lebih dari cukup. Nek ora ndang omah-omah, selak keburu exspired
Hansip: Makanan keles, ono tanggal kadaluarsane hahaha
Jarwo: Nggih, pak. Wes, mangke pokoke wonten wong wedok lewat, langsung kulo lamar
Pak RT: Tenan iku?
Jarwo: Saestu, kulo nadar niki

(Tasan Jarwo mingkem, ndelalah ono wong wedok ayu kinyis kinyis mirip Syahrini teko nggowo nampan isine sak ceret kopi karo sak piring gedang goreng)

Cewek: (karo mesem ngelungake nampan) Monggo mas mas, bapak bapak... niki diunjuk kopine, kersane betah melek
Jarwo: (nampani nampan karo ndlongop saking kesengseme nyawang ayune bocah wadon iku) Nggih, mbak. Matur nuwun...
Pak RT: Sek mbak... panjenengan niku sinten? Kok dereng nate kepanggih nggih?
Cewek: Oh... tepangaken, nami kulo Sun Long Lay (ngulurake tangan gantian nyalami Pak RT, Jarwo lan hansip)
Hansip: Kok tangane adem, mbak?
Cewek: Nggih, mas... kulo grogi nyawang mas ganteng niki lho... (karo ngelirik Jarwo)
Jarwo: (irunge langsung mekar mergo kegeeran) Mbak niki saget mawon... oya mbak, jenenge kok apik temen. Sun Long Lay... keturunan Cina nggeh?
Cewek: (ora njawab, mung mesem tok)

Pak RT: (dehem) Ehem!! Jarwo... eling nadarmu mau?
Jarwo: (grogi) o... nganu, pak... njenengan mawon sing matur. Kulo isin pak...
Cewek: Mboten usah isin, mas. Ngendiko mawon wonten nopo?
Pak RT: Ngeten lho, mbak... Jarwo niki pingin gadah bojo. Nek njenengan purun, bade dilamar kaleh Jarwo
Cewek: (mesem genit karo nyedeki Jarwo) Saestu nopo, mas ganteng?
Jarwo: (gelagapan) ho oh, ho-oh....
Pak RT: Mbak Sun... nuwun sewu sak derenge. Kulo tanglet rumiyin... Daleme njenengan teng pundi to?
Cewek: Griyane kulo teng kulon kampung cedake prapatan, sebelahe wit ringin gede

(Pak RT, Hansip lan Jarwo kaget trus mbengok bareng): Iku kan kuburan?
Jarwo: (gemeter sampek kepuyuh): Dadi kowe iki....?
Cewek: Aku Sun Long Lay, mas... Sundel Bolong Alay....ihhxi xi xi xi....!!
Jreng jreng...!!
Jarwo, Pak RT karo Hansip mlayu sipat kuping: Hantu......!!
Cewek: (ngguyu kepingkel-pingkel) Rasain lo gua kerjain. Masa mereka gak ngenalin gue sih? Gue kan Markiyem, anaknya pak Sungib yang dari kecil ikut mama di Jakarta sejak papa mama cerai? Payah! Tampang aja sangar... Nyali ciut, coy!!

Tiba-tiba seseorang mencolek pundak Sun Long Lay alias Markiyem. Saat cewek cantik itu menoleh...

Jreng jreng....!!

Sundel bolong yang asli menyeringai seram dengan tawa ngikik panjang: Ih ih ih ih ih ih.....!! Ih ih ih ih.....!!
Markiyempun pingsan

Yang baca jagongan guyon tombo ngantuk inipun ikut ikutan menjerit: Ha ha ha haaaaasu...!! Tuh kan, setelah baca guyonan dalam format dialog atau percakapan koplak ini pasti langsung melek. Kalau sampai ngantuk en ketiduran, ati ati aja, dalam mimpi bakal didatengin ama sundel bolong. Hi hi hi hi...!! Banyolan khas gaya republik gondes yang sejenis lainnya: Dagelan Jowo